' Kasturi 81 Wadya Bolo Witing Tresno jalaran .......

Witing Tresno jalaran .......


Ngomong-ngomong soal witing tresno (bisa diwaca waiting tresen). Lha witing tresno jalaran saka kulino, iku lumrahe utawa normale. Contone akeh. Biasa dialami sadhengah uwong.


Ana maneh sing rada ora lumrah utawa malah babar blas ora lumrah, yaiku witing tresno jalaran saka hangglibet. Wiwitane ya ora ana rasa tresno sithik-sithika wae, malah mungkin rada gething. Nanging merga saben dina diglibeti, suwening suwe ya dadi ora mentala, mesakake ngono, melasi temen. Terus sithik mbaka sithik dadi lan tresnane.


Njur ana sing disebut: witing tresno jalaran ora ana liyo. Sing ngalami sakbenere ya mesakke, merga ora nduwe alternatif. Mungkin padha karo pepatah sing unine tiada rotan akar pun jadilah. Jan ora ana pilihan tenan, padhahal wis kepengin hehehehe ........ caplok ae !! Bisa uga disebut witing tresno jalaran kepekso.

Ana maneh, witing tresno jalaran ana rego. Yen iki etung-etungane memet tenan, soale ana unsur bisnise. Mambu-mambu semangat ana rego ana rupo.


Banjur witing tresno jalaran saka rupo. Lumrahe pancen padha milih sing rupo bagus utowo ayu. Iki biasane dialami arek-arek cilik sing isih ketaman apa sing disebut cinta monyet ngono. Tresno mergo daya tarik permukaan, lan umume ora bertahan suwe.


Lha iki sing akeh-akehe dialami kancane dhewe: witing tresno jalaran saka boyo. Tresno mergo diakali boyo. Maksude, boyone ya kanca-kanca iku. Terutama Na .......... wuahahahahahaha ....

5 komentar :

  1. masuk ngakal ... lan perlu dicoba
    "seribu satu cara mbangun tresno"
    anggitane bambang tri subeno
    tahun rong ewu sanga

    BalasHapus
  2. Si ... hendak turut, ke Bandung - Surabaya
    [Si initial seseorang]

    BalasHapus
  3. Si ..... Siti Bakdiyatni (1C) omahe emben lor SPG (sakiki dadi SMA 3).

    BalasHapus
  4. Wah iyo, Mas Tahid, lali. Mbak Imah alias Siti Muchalimah Koeswarnoputri.
    Lalu, Siti Proboningsih Dwi Danarti, Siti Diyah Adhie Widiastuti, Siti Rinawati, Siti ..................

    BalasHapus