' Kasturi 81 Wadya Bolo Luwih Mbedhig !

Luwih Mbedhig !


Lha iki ana crita sing luwih mbedhig.
Sawijining dina, pas Bu Gun mulang ana kelas 1 A. Dina iku siji mbaka siji maju deklamasi.
Beno paling benci deklamasi. Liyane rada clingus, pancen ora seneng maca puisi karo nggaya.
Lagi telung murid maju, Beno ngacung -- pisan maneh ngacung (cah-cah nakal mesthi arep dienggokke saru-saru !)
''Bu, saya punya usul,'' kata Beno, si mungil yang tumben sakiki rada kendel.
''Ya, ....... apa ?'' pitakone Bu Gun semu kaget karo ngudhunake kaca tingale.
''Kami sekali-sekali ingin melihat Ibu baca puisi, bagaimana?''
Kontan, Bu Gun terdiam. Berpikir-pikir sejenak. Kelas jadi kacau. Heran oleh usulan aneh cah cilik sing sasuwene iki ora tau nduwe usul iku.
''Cah bagus, gurune aku apa kowe ?'' ucape Bu Gun karo mesem kecut.
Beno meneng wae ora kumecap.
''Sakiki yen kowe ora seneng karo pelajarane Ibu, ya wis kana muliha wae.''
Kaya rindhik asu digitik, Beno banjur tata-tata. Nglebokke buku menyang tas, mak klepat metu saka kelas.

6 komentar :

  1. Metu saka kelas Ia, Beno cilik ora mulih. E ... jebul mlebu kelas 1b. Ing kono ana Mincuk, kancane remaket saka SD. Beno sesenggukan .... pradul. Hara ta ya .

    BalasHapus
  2. Sesenggukan apa wong malah rerangkulan karo ............. ngguyu kekelen.

    BalasHapus
  3. Sih gatekna yen Beno ngomentari mbakayumu Mincuk, sopan banget jaim (jaga image), beda banget karo yen ngomentari awakmu

    BalasHapus
  4. Hehehe .... nggak jaim ah. Biasa saja kok.

    BalasHapus
  5. wah iki luwih mbedig maneh mas nasih,.... jebule neng 1b arep pradul.. malah ketemu karo guru sing diwedeni, eh langsung mlayu klepat metu akhire malah rerangkulan karo mas bambang sing lagi wae pamit buang air kecil. sak kelas 1b pada ngguyu kekelen. ( wah andaikan sing rerangkulan karo aku...... opo yo dadine) eh jebule.....

    BalasHapus
  6. Mbak Mincuk, ngati-ati rerangkulan. Iso ..... lho !

    BalasHapus