' Kasturi 81 Wadya Bolo mBedhig

mBedhig

"mbelink, ngglidhig, kemaki, nggleleng, gidhag-ghidig"

mungkin itu sifat yang ndak kita sukai dari seseorang teman waktu di smp
tapi entahlah sekarang ini selera jauh berubah
aku merindukan anak-anak semacam
yang kelak akan menjadi orang-orang yang nggilani dalam bekerja
itu seperti beno dan rekan blogger semuanya

---
Sawijining dina, Beno karo Tahid tau telat mlebu sekolah merga isuk-isuk wis èpyèk nyetrika klambi seragam sing gung patèk garing merga sedina muput udan deres poh pinoh. Tekan njero kelas mak jebrèt langsung ditakoni karo Bu Gun guru Bahasa Indonesia sing ngrangkep Wali Kelas : "Beno… Beno.. généya lèh kowe thik telat iki maeng??"

Beno (karo rodok kamisosolen merga arep mblidhuki bu guru): "Anuu buk.. ndhék dalu kula niku ngimpi késah teng Jakarta terus wangsulé kepancal sepur dados saknikiné telatt…"
Bu Gun nyauri kanthi sabar: " Ee ngonooo ta…

Lha kowé Tahid.., généya thik telat? Apa kowé ya melok mlaku-mlaku nèng Jakarta??" Dhasar bocah ndakik, Tahid malah éntuk alesan sing cocok: "Anu buuk.. kula namung mapag Beno teng tasiun …ban pité gembos ting mergi"

Bu Gun : "Oo ngono, ya uwis saikiné kowé cah loro terusno mlaku-mlaku .. nanging nèng kuburan nJlubang kono ngantèk jam pelajaranku entèk ya.. nèk wis thèng engko lagèk olèh mlebu kelas..!!"

Beno karo Tahid (koor): "Matur nuwuun bukkk….”

Dhasar bocah mbedhig lan tambeng, Beno ancèn kerep kena setrap, pas pelajaran IPA ora krasa sikilé tau jégrang methangkring nèng ndhuwur bangku, ya mesthi aé konangan karo pak Pandoyo.

Karo mlintir brengosé, karepé bèn rodok sangar, pak Pandoyo guru IPA marani bangkuné Beno karo celathu: " Hé...lé… sikilmu thik mbok unggahno bangku.. anggpmu iki warung kopi apa piyé??!!"
"Terus.. gurumu iki mbok anggep apaa..??!!"
Kanthi rodok glagepan Beno njawab sak kecandhaké: " Anuu pak.. bapak nggih ingkang sadé wédang ngoten…?! Ééh anu pak .. ingkang gadhah warung… èh… ingkang….."
"Wis kana ngadeg nèng ngarep blabak… dhasar pokil!!"
---

4 komentar :

  1. Bu Gun, pak Pandoyo ... punika lare tuwek nakal do sami usil ... mugi2 panjenengan sedaya dipun lapangaken kubur lan tinampi waonten sisihipun Gusti Allah

    BalasHapus
  2. Ya, kalau waktu bisa diputar balik, saya ingin mengerjai para guru sebagaimana tulisan imajiner Mas Nasih itu.
    Tentu menghebohkan dan akan menjadi kenangan terindah.

    BalasHapus
  3. A laah ... wanine do ngomong saiki. Biyen ngerti pak Pandoyo thunuk-thunuk ka kadohan wae wis do adem panas.
    Aku eling banget jaman kelas 2a, diajari gas ideal p x v = t Diwolak-walik angkane wae, do pating clurut sak kelas ra ana sing isa ... tambah wedi pikirane tambah puthul ... nganti pak Pandoyo abang mbranang pingin mithesi siji2. Tak pikir2 awake dewe biyen kok yo oon banget to yo.

    BalasHapus
  4. Wakakakakakak ....... biyen pancen ngeri tenan kok, Mas Tahid. Krungu swarane wae wis ndhrodhog koyo wong demam malaria.
    Coba sakiki, tak tinggal mlayu tenan. Oleh E ra papa.

    BalasHapus