' Kasturi 81 Wadya Bolo Pitung Perkoro

Pitung Perkoro

Pitutur Kanggo Urip Ing ngalam ndonya:

1. Sugih tanpo bondo, ateges duwe konco tanpo wilangan (musuh siji kakehan, konco sakyuto kesitiken).

2. Nglurug tanpo bolo, menang tanpo ngasorake. ateges ono sesrawungan tansah paring wewarah, patuladan tumindak kabecikan, saenggo kabeh tumindake ditiru dening liyan.

3. Kuncoro tanpo woro-woro, ateges dadi pangalembonone bebrayan amargo becik tumindake tansah nyebar kautaman.

4. Winasis tanpo derajat, ateges diakoni kepinterane amargo wicaksono, tansah mrantasi ruwet renteng rubedaning bebrayan.

5. Sekti tanpo aji-aji, ateges sugih prihatin, wani getih lan ngelih, tansah munjukake syukur, sumeleh lan pasrah marang kersane ingkang
maringi gesang.

6. Kajen keringan tanpo kencono, ateges duwe perbowo, ditresnani dening liyan amargo jujur, atine resik, luhur budine seneng tetulung marang liyan.

7. Tumandang tanpo butuh kondang, ateges sepi ing pamrih rame ing gawe, tulus atine, tansah migunani tumraping bebrayan tanpo pamrih pribadi.

5 komentar :

  1. Pitung perkoro sing angel banget dileksanakke. Sing ono yo pengin:
    - sugih bondho
    - nduwe bolo akeh
    - kuncoro nganggo kencono
    - ngalahke nganggo bendho
    - lll

    BalasHapus
  2. Sing biso nglakoni pitung perkoro kuwi malah iso-iso disebut ''kurang gaul''.
    Lah wong biasane tumandang yo pengin dibayar opo populer, sekti nganggo aji-aji utowo ketik REG ....., lll

    BalasHapus
  3. Gek-gek pitung perkoro mau mung khayalane poro resi ......

    BalasHapus
  4. ora meksa kudu gelem nglakoni, namung ampun kesupen mawon ...

    BalasHapus