La yen iki coba tebaken lagu tahun pira. From Waljinah untuk Nasih ... mengingatkan pada saat itu ... makan tak enak tidur tak nyenyak :
Larane lara ora kaya wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan ra jenak dolan nyang omah bingung
Mung pengin weruh woting ati duh kesuma ayu
Apa ra trenyuh sawangen iki awakku sing kuru
Klapa muda leganana nggonku nandang bronto
Witing pari dimen mari nggonku lara ati ... aduh kenyaaaa
Duh duh kesuma pa ra krasa apa pancen tega
Mbok mbalung janur paring usada nggonku sing nandang wuyung

Yen ora keliru sing ngganggit mbah Gesang ta.
BalasHapusYen saiki aku ora lara wuyung, ning lara enak kepenak ....
Walah, kok padha ngelingke soal wuyung terus to.
BalasHapusTapi rasa-rasane pancen mak nyus yen wuyung saben dina. Maksude nembang lagune Mbok Waldjinah kuwi, dudu uyang-uyung karo dhenok sing ditaksir.
Wis ayo, pokoke wuyung terus sampek tuwek, ben ora tuwek-tuwek (hiiii .... anake malah padha wedi!).