' Kasturi 81 Wadya Bolo Sugeng Enjang

Sugeng Enjang

Sepurane yo. Judule ngono kuwi mau amargo esuk-esuk ents nyiapke ubo rampene nang sawah terus ndilalah kok yo moco surat listrik.

Jujur wae aku ki yo seneng, mesam-mesem dhewe, sak upomo ono sing ndeleng dikiro rodho strip. Mesem-mesem moco rerasane konco-konco bab konco liyo.

Jan-jane sak upomo diraksakne nngono ki, rupane katresnane konco-konco neng Wonogiri ki yo isih mak nyus tenan. Lha wong gur perkoro, koncone sing lagi kejibahan ngurusi Wonogiri (amargo lagi repot, mumet, semlengeren opo mbuh ra weruh) ngetokake rerasanane konco-konco kok yo podho muring-muring. Kuwi tak rakne yo amargo roso tresnane.

Coba dipikirke:

sak upomo ono uwong sing ditresnani kuwi kiro-kiro terus mbambung rak yo podho bingung, bengok-bengok, muter-muter nggoleki. Lho padahal yo akeh wong mbambung liyane kleleran nang ndalan-ndalan. Kok yo podho cuwek.

Sak upomo anake, bojone, adhine, bapake, ibune opo sedulure lagi nandang loro rak yo podho bingung nggolekake tombo. Lho padahal kan yo akeh wong liyo sing loro kleleran nang rumah sakit opo nang panggonan liyo. Rak yo podho ora bingung (nemen) tho ?

Sak upomo koyo ngono kuwi mau digatekake, jan-jane ngono tumrap sing digrenengi, disemoni, dirasani rak yo melu seneng tho. Wooooo, jebule konco-konco ki yo isih tresno lan nggatekake.

Wis dhiwik, tak budhal menyang sawah.

3 komentar :

  1. wis rasah melu cawe cawe Nang ....
    ngko malah dikiro KENTHIR tenan kowe,
    ben sing isih gelem ngablak cangkeme yo do ben ngablak ....
    aku jan jane yo gatel tenggorok'anku wis suwe ora taw ngablak clometan, tapi tak pikir pikir percumah ....
    ora ono sing nanggapi, podo wae ngomong karo setan.
    .......
    aku yo pilih lungo macul neng sawah karo sangu sego thiwul ...
    Nang.!!!

    BalasHapus
  2. Macul .. macul .. walaahh .. sawahku boro ki njur piye pakdhe? Nyilih berasmu sak beruk sik entuk ra? Mengko yen panen tak saur ..

    BalasHapus
  3. ora duwe beras Hid .....
    iki ono ne gur glepung, sing di nggo gawe sego thiwul .... doyan po ??

    BalasHapus