' Kasturi 81 Wadya Bolo Sugeng Riyadi 1434 H

Sugeng Riyadi 1434 H

Ibu, Bapak, saha Sedherek kawula, keparenga kula matur wonten ngersa jengandika sami.

Kados sampun sawatawis dangu anggen kita angrajut sesrawungan, kekancan, saha pasedherekanKawula temtu nate kaduk wani kirang hadeduga anggen kawula matur utawi tumindakKadangkala temtu wonten atur lan tumindak kawula ingkang mboten mranani ing penggalihPramila ing dinten ingkang sae puniki keparenga kula matur "lonthong kupat opor santensakathahing lepat kawula nyuwun gungging sih pangapunten".

Mangga kita sami hamemuji mugi-mugi sadaya kalepatan saged lebur ing dinten Riyadi punikiKula  sakbrayat ageng ngaturaken sugeng Idul Fitri kagem Ibu, Bapak, saha Sedherek kawula ingkang muslim, minal aidin wal faizin, lan ngaturaken sugeng hangresepi "aktivitas" menapa kemawon ingkang sae lan migunani dumateng para Ibu, Bapak, saha Sedherek kawula sedaya.

Mugi-mugi kita tansah pikantuk berkah saha rahmad lan nugraha saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ginayuh sedaya ingkang kita sedya, jumangkah sedaya ingkang kita angkah, mawujud sedaya pepenginan, kalaksanakan sakehing panjangka, amin amin amin YRA.

Salam taklim kawula sabrayat:
Hero Wadya sakulawarga
0 komentar " Sugeng Riyadi 1434 H ", Baca atau Masukkan Komentar
Posting Komentar